Monggo ing kesempatan puniko kito sami ningkataken anggen kito taqwa dateng Gusti Alloh inggih kanthi nindakaken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun supados kito wilujeng gesang wonten ing dunyo lan akhirot. Amiiin Ya Robbal Alamiin. Gusti Alloh dawuh Ingkang artosipun “Hee! wongkang podo iman! Podo taqwaho Siro kabeh ing Gusti Alloh kelawan sak temene taqwa merang dheweke Ian siro ojo pisan-pisan mati kejobo mati kanthi netepi agomo islam.” QS. Ali-Imron 102 Selajengipun kulo aturi pirso bilih dzikir dateng Gusti Alloh kanthi eling wonten ing manah lan nyebut-nyebut asmane Gusti Alloh mawi lisan puniko kalebet amal ibadah ingkang ageng hikmahipun, keranten puniko nderek dawuhipun Gusti Alloh ingkang suraosipun mekaten Ingkang artosipun “Hee/ wongkang podo iman! Podo elingo Siro kabeh ing Gusti Alloh kelawan sak akeh akehe lan podo moho nyucekno siro kabeh ing Gusti Alloh ono ing wektu esuk lan sore.” QS, Al-Ahzab 41-42 Tiyang gesang wonten ing alam dunyo puniko saben dinten tansah dipun panggihaken kalih pinten-pinten masalah ingkang kedah dipun hadapi dipun ayahi, dipun pikir lan dipun beresaken sami ugi masalah pribadi utawi masalah keluarga, sami ugi masalah ekonomi, masalah pekerjaan lan sanes-sanesipun kanthi harapan sedoyo masalah puniko sageto dipun ayahi, dipun tandangi lan dipun rampungaken kanthi sak sae-saenipun supados masalah puniko beto manfaat maslahah lan barokah, ananging syetan puniko tansah ngridu dateng menungso mawi pinten-pinten coro supados menungso puniko gagal anggenipun ngayahi dateng masalah kolowau, akhiripun masalah ingkang dipun ayahi kolowau boten manfaat, maslahah lan barokah. Pramilo salah satunggalipun coro utawi solusi supados menungso kolowau anggenipun ngayahi pekerjaan utawi ngurus masalah nopo kemawon supados manahipun mantep, yakin, tenang lan istigomah. Kito supados ngatahngatahaken dzikir utawi emut dateng Gusti Alloh. Gusti Alloh dawuh Ingkang artosipun “Elingo saktemene kelawan dzikir ing Gusti Alloh iku ati dadi anteng.” QS. Ar-Ro’du 28 Wonten ing ayat lintu Gusti Alloh dawuh Ingkang artosipun “Mongko podo dzikiro siro kabeh ing Ingsun, mongko Ingsun eling ing siro kabeh, lan podo Syukuro siro kabeh ing Ingsun lan ojo podo kufur siro kabeh.” QS. Al-Baqarah 152 Dzikir puniko artosipun eling dateng Gusti Alloh, miturut Imam Nawawi wonten kitab Adzkar, dzikir puniko saget dipun tindakaken bil Qolbi, ya’ni eling kelawan ati, ugi saget bil Lisan, ya’ni nyebut kelawan lisan, ugi saget mawi kalihkalihipun, ya’ni ugi kelawan ati ugi kelawan lisan tapi ingkang paling sae inggih puniko mawi kalih-kalihipun, ya’ni bil Qolbi wal Lisan. Dene kalimah-kalimah ingkang dipun damel dzikir puniko katah sanget inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang nutur asmanipun Gusti Alloh puniko dipun wastani dzikir dateng Gusti Alloh kadosto Lan sanes-sanesipun Pramilo monggo kito samio ngatahngatahaken dzikir dateng Gusti Alloh supados kito tansah angsal rohmatipun Gusti Alloh. Dene panggenan-panggenan ingkang kenging dipun damel dzikir puniko ugi katah sanget. Saget kito tindakaken wonten ing masjid-masjid, langgarlanggar, griyo-griyo, lan majelis-majelis ta’lim lan sanes-sanesipun pokok sedoyo panggenan ingkang suci puniko kenging kito damel kangge dzikir. Kanjeng Nabi dawuh Ingkang artosipun “Ora lungguh sak kelompok kaum kang podo dzikir ing Gusti Alloh kejobo ing majelis dzikir iku malaikat podo ngubengi lan Gusti Alloh nurunake rohmat lan nurunake penganteng-anteng ketenangan ing kaum mau lan Gusti Alloh nuturne ing kaum mau marang poro malaikat kang ono ing sandinge.” HR. Muslim Mugi-mugi Gusti Alloh tansah paring pitulung dateng kito sahinggo kito saget ngatahngatahaken anggen kito dzikir dateng Gusti Alloh lan mugi-mugi kito pikantuk rohmat soho berkah saking Gusti Alloh. Amiiin Ya Robbal Alamiin.